|
17. NGLEBOER DOSA IN DINTEN RIADI
- MEGATROEH
-
- Sampoen poetoe gegrija wonten ing
doesoen,
- dongkolan prijantoen alit.
- kempal anak djaler nganggoer;
- ingkang sanés sami tebih,
- lebar bakda sami tindjo.
-
- Saha bodjo kerigan saanakipoen,
- djaler èstri ageng alit.
- reréjongan lampahipoen;
- anggegéndong anjenjangking,
- sadaja manganggé mramong.
-
- Singa dateng andjoedjoeg ing soemoer:
wisoeh,
- mlebet ing grija ngentosi;
- sadèrèk sepoeh kang
kantoen.
- Pinanggihan sawatawis,
- laré-laré ngoebres
kebon.
-
- Késah-dateng, roentang-roentoeng
toembas tahoe,
- petjel, teboe, katjang, oewi.
- Djogan grija wingking sampoen:
- kagelaran lampit deling,
- bamban oetawi pendjatos.
-
- Tengah leres ngandap lampoe, ladjeng
baboet,
- oeroet pinggir klasa pasir,
- warana koerasi bawoek,
- minangka ngalingi kori;
- pinggir dawir tengah bolong.
-
- Ngandap talang pandapi
panggénanipoen,
- sawingkinging médja koersi;
- pepak anak, mantoe, poetoe,
- ngadep kaki toewin nini,
- reraosan omong-omong.
-
- Ngombé wédang kopi
téh sasenengipoen,
- para èstri sisih wingking,
- djaler sami djaleripoen,
- njamikan djoewadah tjriping,
- nagasari djenang dodol.
-
- Embah èstri ngatag dateng anak
sepoeh:
- "mBok wis ta endang ngawiti,
- wong wis pepak, bèn ndang
rampoeng;
- kowé sing toewa ndisiki,
- njontoni menjang sing enom".
-
- Anak mbadjeng mangsah ngroemijini
oedjoeng,
- saweg moendoer badé ngalih,
- saking bapa dateng iboe,
- bodjonipoen anoetoeti,
- oeroet pernah gantos-gantos.
-
- Para sepoeh soemèh padang
oelatipoen,
- saben wonten ingkang bekti:
- mantoek nekem dengkoelipoen,
- ketingal sanget kedoegi,
- déné toeroenipoen
dados.
-
- Beranahan wiloedjeng, sinawang
roekoen,
- ndongakaken moegi-moegi,
- slamet waras roen-toemoeroen,
- Embah èstri angatjoewis,
- soeng pangèstoe
ngondok-ondok.
-
- Nekem dengkoel ingkang katoetoepan
katjoe,
- abrit, mambet lisah wangi,
- ngemèk sirah poendakipoen,
- anak ingkang angoedjoengi,
- jèn èstri kaamboeng
séngok.
-
- Leladjengan moendoer saking
bapa-bijoeng,
- sadèrèk enèm
ngabekti,
- dateng ingkang pernah sepoeh,
- salong namoeng dipoen tampi,
- sami salaman kémawon.
-
- Santoen para poetoe kaatag
angoedjoeng,
- boten kénging isan-isin,
- dijon irèn
plingkar-plingkoer,
- katjènèng dipoen
warahi,
- sila njembah lakoe dodok.
-
- Sila njembah tangan kalih njanggi
dengkoel,
- ngamboeng nènglèng nampi
poedji,
- tangi njembah ladjeng moendoer,
- badé linggih njembah malih.
- Poen embah nggoegoek kémawon.
-
- "Dèk alamé si kaki embahmoe
boejoet,
- akoe bingèk idjèh
tjilik",
- makaten saladjengipoen,
- para ladjering pamili,
- dados bakoening tjarijos.
-
- Anak- anak nakèkaken
asal-oesoel,
- gatoekipoen ngrika-ngriki,
- tjanggah warèng noeroet-
noeroet,
- djapa mantra adji- adji,
- katjatetan ing parimbon.
Manoet tjarijosing tijang sepoeh, tijang bakdan poenika
djedjering perloe ngloewari soengkawa, ngleloeri
lelampahanipoen Nabi Panoetan agami, nalika keseser saking
paprangan. Déné panampi koela, tijang abangan
poenika, bakdan makaten ambroewah satelasing Sijam sawoelan,
kaping kalih: pitrah, kaping tiga ingkang perloe ageng
toemraping bangsa koela: oedjoeng-oedjoengan, (silatoerahmi,
alal bahalalan). Kantja alit manawi pitrah dateng modining
doesoenipoen, oetawi dateng kjai langgar, (oewos sadangan,
sadak [gantal], jatra wadjib kalih sèn).
Sawenèhing moetihan ingkang tjekap-tjekap,
pitrahipoen pangaos katah, katampèkaken sami
sadèrèk moeslimin soegih; déné
ingkang nampèni pitrah poenika mangké gentos
pitrah dateng tijang waoe, soemerep mangsoelaken pangaosing
pitrah ingkang katampi ingadjeng. Dados bak-boek
kémawon.
Tijang bangsa sepoeh kina, jèn malem riadin boten
tilem, grija kabikak kémawon, dilah-dilah kapandjer.
Wiloedjengan ing wantji daloe boten kénging kantoen,
ing tengah daloe koetoeg boemi, koetoeg djagad, (koela boten
terang ingkang dados emèl oetawi oedjoebipoen).
Éndjingipoen adoes kramas riaja, ladjeng sembahjang
riadi. Tijang ingkang kepernah eném, anak poetoe:
kedah oedjoeng (ngabekti) dateng para sepoeh,
laré-laré inggih dipoen warahi. Kadjenging
oedjoeng (salaman toemrap ingkang babag
ném-sepoehipoen), poenika neda pangapoentening
kalepatan ing sataoen ingkang kapengker, lan neda pangestoe
wiloedjeng. Jèn tjara ahli sepoeh, temboengipoen
manawi oedjoeng waoe katah, koela boten saged nirokaken,
margi namoeng gremeng-gremeng kémawon, salong tjara
Djawi, salong tjara Arab. Katah tijang sepoeh ingkang sakit
manahipoen, jèn wonten sanak eném alal-bahalal
namoeng tjarijos perloening tetoewi, boten mawi ngamboeng
dengkoel. Poenapa pitoewi makaten
dèrèng-kénging katampi absah, lan
njoewoen ngapoenten ing dinten riadi poenika langkoeng
katarimah katimbang ing sawantji-wantji? Koela kinten inggih
makaten, sabab pangapoenten poenika sampoernanipoen
jèn midjil saking tijang ingkang ketaman kasalahan
kita. Katik anggénipoen angapoenten poenika ngleresi
para sepoeh sami rena ledjar ing manah, malah sinedya
badé ngapoenten ing dinten poenika, wah mawi
kasemboeh lampah sijam ngengirangi ing dalem sawoelan.
Botena makaten, saweg noenoet dajaning sedyanipoen oemat
Islam pinten-pinten joeta ingkang badé ngleboer dosa
kanti manah soetji poenika kémawon: tamtoe katarimah
paneda ngapoera waoe. Sarèhning sami lila, dados
ingkang roemaos gadah salah ladjeng èntèng
angen-angenipoen, déné ingkang soeka
pangapoenten oegi mantoen ènget dateng rerengoening
manahipoen. Kantoen dosa dateng Hjang Agoeng, poenika kedah
tineboes ing pamartobat.
|