|
7. POLAHING LARÉ
Boten wonten rijadin, jèn boten wonten Sijam.
Sawoelan poenika tijang anglampahana poewasa, ngirangi
oetawi tjegah neda, minangka tanda kaantepan dateng agami,
sataoen namoeng katjobi sawoelan ngampah napsoe dateng
kadonjan lan kamoerkan, ngiras pakantoek amboetjal
reregeding erah. Ananging katah tijang sijam namoeng malik
wantjining neda, malah langkoeng tjrobo tinimbang adat.
Makaten poenika boten ngresikaken erah.
Ing dinten rijadi, wonten ingkang sarwa
tinakèkaken, tetedan poenapa kémawon ing
aloen-aloen wonten. Lah ingrikoe datenging goda, mripat
iroeng adjak-adjak toembas tetedan sadjangkeping warni,
ingkang gorèngan pedes-pedes, goerih; anget, ladjeng
kaedjogan ingkang anjep, tanpa kamanah, jèn pakarti
neda makaten poenika ngrisakaken praboting wadoek. Mila
keleresan, déné sangoenipoen
laré-laré doesoen poenika namoeng sakedik,
dados boten saged neda trotjob-trotjoban. Witjantenipoen
Siman: "Akoe maoe disangoni simbok: limang sèn,
mengko arep toekoe soto waé rong mangkok."
Witjantenipoen Simoen: "Akoe sangoe nem sèn
sètèng, sing limang sèn kanggo toekoe
tahoe koepat, gik ngisor ringin elor kana. Tahoe
entèk, idjéh ngeses-ngeses kepedesen, tjoet
minger, ndjaloek dawet gandos nganggo tapé teloeng
keteng; wis wareg."
Wangsoel laré kita oetawi anaking bangsa soedagar,
dipoen soekani jatra satangsoel, kawan ketip, poenika
kaboetjal, kedah kalih tengah, tigang roepijah, wonten ing
aloen-aloen ngradini sawarnining djadjanan. Rokok boten
kendat, paribasan ngakep sinoemed tegesan. Rokok nipah
(wangèn) ingkang boembon ngendemi poenika, jèn
sampoen ngendog betik, ladjeng kadjapit deling tilas
tangsoel toetoes, dèrèng kaboetjal, manawi
dèrèng ngobong lambe. Toembas roedjak, soto,
saté, tahoe panas-panas, noenten ngombé
setroep mawi es anjep andjedjet, gantos wédang,
dawet, njandak wowohan, tjriping, katjang, goreng-gorengan,
emoet-emoetan. Prajoginipoen laré badé nonton
poenika kapoerih neda ingkang toewoek saestoe roemijin, neda
oelam inggih kasoekanana, soepados neda katah, mangke boten
patos andjadjani, setoen djadjana riamoeng
ombèn-ombèn.
- DANDANG GOELA
-
- Laré alit oedoed pating
kletjis,
- idoe tjah-tjoeh kekijer kepegan:
- ing rokok, mripat
mbarèbès;
- koepeng angroeboeng latoe,
- areng toemper ing sepet garing,
- gentos ndamoni wangwa,
- sarwi dipoen njoenjoek,
- tjeng-oetjeng mertjon lombok bang,
- oetjeng mempan: mletik-mletik sanding
rai,
- tjis, tjis, tjis,
mak ples
pedjah.
-
- Mertjon ingkang medjen dipoen saki:
- "Engko sore digawe broeboesan,"
- kantong beskap motol-motol;
- loemampah roentoeng-roentoeng;
- "Idjik pira elongé tjilik;
- lèhmoe njoemed soek kapan?
- ndjaloek sidji: akoe."
- Ingkang gadah: "Adja, adja."
- "Kok éram ta ndelok waé kok
ra olih,
- ora tak-epèk, ora!"
-
- Gerdoe ageng ing pratigan margi,
- kaenggénan tijang sadé
roedjak,
- roedjak doelit, oeleg, gobèd,
- djenang growol lan grendoel,
- katjang Tjina kentang lan oewi;
- jèn mentas neda roedjak,
- kepedesen mroentoes,
- ngeses-ngeses mangar-mangar
- ladjeng toembas katjang gorèng
sangan: garing,
- katjontong godong plasa.
-
- Panas pedes soeda déning
goerih;
- tjetjontongé ngatjotjong ing
kiwa,
- teboe soendoekan sadompol
- kadjapit dridjinipoen;
- tangan tengen ingkang mitesi,
- neda sinambi mlampah:
- gegrombolan roeboeng;
- katjang moeroegaken ngelak
- ingkang kantoen djeboel djamoeren toer
pait,
- tengik aor alekak.
-
- Gaber-gaber goewak-goewèk
njoengir,
- mboetjal tjontong santoen njandak
rosan,
- kesoesoe-soesoe polahe;
- noenten ngepahi teboe,
- ngelak itjal toer oentoe resik,
- moeng ilat ragi lidas,
- dadak teboenipoen,
- sakeret ingkang poengkasan,
- wijar tipis gabeng tengah: boten
legi;
- kok sarwa damel tjoewa.
-
- Doedoeh teboe mliketi daridji,
- kaosèrken dateng ing
wit-witan,
- malah reged ting tjelonèh;
- "Enaké toekoe setroep;"
- neda srebat ger-ager tlasih,
- mawi ès sakeloewak;
- sampoening kaoejoeb,
- ampas srebat kaséndokan,
- ès kapendet kakletak, ingkang
sapalih:
- kadamel ngoembah tangan.
-
- Sampoen moebeng-moebeng neningali,
- tombok gimer, ngalih tjapdjikijah,
- kekéngingan ladjeng
anglès,
- ladjeng ngindjen setamboel:
- pating tjrengèk ingkang
menjanji,
- soewara bléro brabah;
- noenten ngalih toemoet,
- ningali indjen-indjenan:
- radja Toerki, Dajak, naga,
tjèlèng srenggi,
-
djeboel tjap rèk
balaka.
-
- "Hla enake apa ta saiki,
- rampog doeroeng, tontonan wis
boebar,
- andjadjan disik betjiké,
- engko ndang njéwa panggoeng,"
- mingkis bebed ngoengak-oengaki
- sakatahing sadéan;
- ngemèk kantongipoen,
- jatra sangoe taksih katah,
- nloesoep bango tjintjing bebed linggih
dingkik:
- "Sadéni, kang: sedjinah."
-
- Latoe marong kakebjok ing ilir,
- awoe maboel, bakoel
tépas-tépas,
- gadjih kepanasan nggodjos,
- angganda goerih prengoes,
- sampoen mateng dipoen boemboni.
- "Lontongé nikoe papat."
- ngeleg tjlegak-tjlegoek;
- tjekakipoen sampoen neda,
- dèrèng telas nolèh
ngatjoengaken dridji:
- "Es podeng nganggo powan."
|