Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

14. BAKDA SIJANG DOEMOEGI DALOE

Awit djam sakawan sijang doemoegining serap, wonten tetingalan kasenenganipoen bangsa priboemi kados ta: pénékan poetjang, oewod-oewodan poetjang, sander, terkadang aben-aben. Pénékan poenika koela wastani dolanan kirang maksoed. Poetjang kalétro ing gadjih, ing poetjoek kagantoengan katjoe, jatra lan plangi. Sinten ingkang saged ménék, kénging mendet sadaja barang ingkang wonten inginggil, dados poetjang satoenggal namoeng mikantoeki dateng tijang satoenggal. Ingkang sok poeroen ménék poenika namoeng kéré-kéré kémawon. Jèn oewod-oewodan poenika langkoeng ramé. Sinten saged ngoewod poetjang ogal-agil (poetjang katoempangaken ing kenteng); angsal mendet barang ingkang kaseleh ing poetjoek. Tijang sepoeh, oetawi laré, katah ingkang poeroen njobi.

Sander poenika kelangenanipoen para loerah-loerah lan bebaoe doesoen, noempak kapal maladjeng, njabet gegantoengan prémi ingkang kentoel-kentoel ing gawang; kapal ingkang sampoen tjelak gawang dipoen mertjoni. Dolanan poenika prajogi, sabab anggegesang kabraèn dateng ingon-ingon lan noempak kapal. Ing djaman alitan koela, sadaja bebaoe doesoen sami gadah kapal, toer saé-saé, awit saben pangageng tindak pepriksa; loerah-loerah ingkang badé kelangkoengan doesoenipoen kakarsakaken ndèrèk ngoeroeng-oeroeng kréta titihan. Malah saben woelan waktoe kempalan prijantoen ing kaboepatén (conferentie), résiden kapetoek kekapalan, kondoeripoen samanten oegi. Wonten goeroe koela sepoeh, tjarijos makaten: "Dék tjilikanakoe bingén, jèn ana rawoehan oetawa wijosan, ikoe loerah-loerah masti tjongklang, pirang-pirang poeloeh kehé, manganggo pradjoeritan, koeloekan anggawa ronték. Djarané bagoes-bagoes, banter-banter. Wong tjongklang mono noenggang djaran miloe bandangan karo djarané kréta pos, ora kena mandeg lan nolih. Sanadjan koeloeké singsal, kerisé roentoeh, ija ora lérén, moelané dék samana oeroet ratan wijosan maoe masti ana roentoehan barangé wong tjongklang."

Daloening dinten riadi, ing kaboepatén wonten pasamoean ageng (pista), para prijantoen sowan malebet malih, tamoe prijantoen Walandi inggih kedah dateng malih. Kala samanten tijang malebet pakarangan kaboepatén oetawi ing dalem, poenika katemboengaken: (me)njang djero. Ing pinggir-pinggir latar tèrèk dasaring tijang sadé rokok, sekoel goerih lawoeh lodèh ajam, sambel gorèng kering lan dèndèng keboek; lintjak dasar roedjak, lotis, katjang Tjina, sarta teboe keretan. Sesadéan sanèsipoen, taksih panggah ing aloen-aloen. Ing aloen-aloen taksih wonten mainan dadoe, klentengan, tjapdjikijah, kodok oela.

Tamoe prijantoen mangagem sikepan, njampingan, destaran, kalenggahaken koersi djèntrèk ing pinggir. Djaman samanten prijantoen poenika angger mingked masti ambekta abdi. Poenika inggih ngaten, taksih kairing pajoeng, lopak-lopak, terkadang pedang soedoek (sabet), déné toedoeng pèt ingkang kaanggé nalika loemampah; sadatenging kaboepatèn ladjeng kaanggé ing abdi ingkang ngampil pajoeng, nanging moengkoer. Abdi-abdi waoe linggih ing sawingkingé bendaranipoen, dados angsal nonton ingadjeng. Dalasan prijantoen poetri inggih kairing pajoeng, (pajoeng poetri poenika tanpa menoer), akemoel rimong, dèrèng wonten mantel tjal oetawi kap kados ingkang andjrah ing samangké makaten. Abdi èstri ngampil wadah gantèn boten kantoen.

Kinten-kinten djam sanga wonten swara: toek, trotoek, toek, toek, … ngantos gangsal menit dangoenipoen, sinareng oengeling gangsa ageng gending sampak, poenika tanda jèn wajang tijang ing pandapi badé wiwit. Wah …, kados poendi balebering tijang dateng ngadjengan! bjoek-bjoekan ngesoek papaning abdi-abdi. Nanging saénipoen bangsa koela poenika: kénging kaeréh, poeroen kadodokaken, dados tijang katah saged nonton sadaja. Ringgit tijang mawi lampahan oetawi petilan; kèndel djam kalih welas oetawi djam satoenggal. Tamoe njonjah-njonjah lan toewan-toewan sami mantoek, tamoe Djawi kasegah lelangen tajoeb, natas éndjing oetawi teroesan, bibar ing wantji sonten. Pista kaboepatén waoe kala-kala ngantos tigang dinten tigang daloe, terkadang mawi dansah poenapa. Hla poenika ingkang ngrogoh kantongipoen ingkang boepati pijambak; tjobi kasambia kagoengan damel mantoe, inggih redja saéstoe. Ing riadin, ingkang kantoen-kantoen, para wadana damel taroeb njatoenggal ing podjok aloen-aloen, ngiras pasanggrahan, kaanggé ambodjana poenggawaning distrik pijambak-pijambak, tajoeban oetawi wajangan. Béndjing Sawalan (tjara kina), para wadana gentos gadah damel, toemoet ngrogoh kantong, sawenèh distrik inggih rampog barang. Djaman samangké kados poendi tjaranipoen?

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25. 

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788