Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

12. BIBAR RAMPOG

Ingadjeng koela sampoen matoer, jèn koela toemoet baris andèrèk bapak. Panggénan koela pantjèn milih ingkang wiloedjeng, dados boten naté katenggel ing sima namoeng dipoen langkoengi kémawon, ewa déné koela saged angsal noembak, raosipoen mak gadoel! Pasah oetawi botenipoen koela boten saged nitik. Tjrijosipoen tijang sepoeh: waos koela poenika bangsa sae, wani dateng sima. Mila pitados koela kala roemijin, sadaja sima ingkang kesenggol wilahing waos koela, pedjahipoen namoeng saking kamandèning waos koela pijambak, waosipoen tijang atoesan poenika namoeng toemoet natoni kémawon. Poenapa tandanipoen waos saé? Koela makaten namoeng nontjong kémawon, boten roemaos njogokaken. Saben wonten sima langkoeng: tjelak, baoe koela keraos kados dipoen sendal ing landéan, jèn makaten poenapa tetéla tosaning waos koela waoe ingkang moeroegi sima, njaoet dateng méngsahipoen. Koela inggih naté dipoen omongi embah koela, gadah doewoeng ingkang njarap kémawon dateng mengsah, jèn dipoen anggé langkoeng ing wana tjelak padoenoenganing sima, wilahipoen modot pijambak, terkadang ladjeng mentjolot dawah ing siti. Nanging jèn doewoeng waoe saged késah pijambak, poenapa boten teroes medjahi simanipoen pisan? Moerih boten njilakani tijang, doewoeng waoe ladjeng dipoen balongsong.

Manawi wonten sima ageng, karampog pedjah tanpa ambabal, gandèk ingkang ngetjoelaken sima waoe angsal pangalembana, ladjeng djogédan ing tengah aloen-aloen, sinoerakan tijang éwon. Watawis djam kalih simanipoen telas, rampog bibaran. Wonten ing pinggir aloen-aloen koela soemerep tijang noetoeki wilahing waosipoen. Waos waoe bangsa adjrih sima, sareng dipoen tjoengakan dateng sima ingkang langkoeng, malah maloengker. Tjrijosing tijang, pantjèn wonten tosan djirih makaten. Tijang ingkang toetoek-toetoek waoe ngoeman-oeman waosipoen: "Toembak apa iki? dipoendi-poendi, dikoetoegi saben Djemoewah, digawa rampog dadak ngisin-isinaké. Wong lagi weroeh plenik-pleniking matjan waé wis mloengker. Hla tak gawaa perang temenan rak niwasi. Ja, rasakna, mengko tekan ngomah nèk mloengker wedi djeroek dilontèngi sing digloendoengke kambi nggero, apa ora takgadèkaké kowe!!" Ah, inggih jektos ngisin-isinaken, tosan adji teka poeroen mloengker makaten. Aloewoeng jasaa waos oengkal-oengkalan panoenggilaning arit pisan, poenika boten isi soekma poenapa-poenapa, boten gadah adjrih oetawi wani dateng mengsah.

ASMARADANA
 
Matjan sing poengkasan iki,
rampogé rak noeli boebar.
Ajo moedoen disik waé,
mengko moendak sek-esekan."
Ladjeng amijak tijang,
sami moedoen saking panggoeng,
njarengi baris bodolan.
Mentas soemok rijel pipit;
angsal isis ing padangan,
kepet-kepet mawi serbèt.
Djam tiga doegi pondokan,
ambroek ing lampit djogan,
soekoe leboe koeloe-koeloe,
tjoetjoel djas kantoen rangkepan.
 
Linggihan sangadjeng kori,
nenonton langkoenging tijang,
ngraosi raméning rampog;
ingkang kantoen tengga grija,
tetakèn noenda warta.
"Soerake kroengoe goemoeroeh,
apa ta ana sing babal?"
 
"Adimoe maoe njang ngendi,
kok ora bareng lèh teka,
nèk ilang engko kepijé?"
"ngGih kana nikoe waoe, mbah,
sakendjing toemoet koela,
malah dèk panggoengé roeboeh,
taksih koela bekta mladjar.
 
Hla, sareng djaranan ndadi,
bok manawi géné pisah,
ketoengkoel nggén koela nonton,
raméné boten karoewan;
sabibare tontonan,
koela oebeg ngaloen-aloen,
boten panggih: ngantos, bibar."
 
Ingkang dateng ngroemijini:
para èstri angsal djadjan,
toewin ngantoekaken laré.
Poenika dados kéngkénan,
"Iki tjèntèlna kana!
ndoek! pèkena kendi akoe,
bok nggodog-nggodoga wédang.
 
Soegoeh apa wakmoe iki,
mréné sataoen sepisan,"
Dèrèng patos sami loewé,
nanging ladjeng neda: kepang,
langkoenganing slametan,
goerih, Djawa, lawoeh tjampoer,
terik mamboe, goedeg bléndrang.
 
Tetijang langkoeng ing margi,
noentoen anak, nggéndong, méwah:
tekenan teboe salondjor.
Bango, salang, rombong, lintjak,
sampoen kotong sadaja,
padjengan daganganipoen,
saboek oedet isi jatra.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25.

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788