|  | 9. ANDÈRÈK BAKDAN LAN
         BARISKoela sampoen oemoer kawan welas taoen, nalika samanten
         bapak koela dados goeroe pamoelangan, doenoenging
         pamoelangan wonten ing sapinggiring aloen-aloen. Mila manawi
         wonten karaméan, saben koela sadaja kesel mentas
         moebeng-moebeng sok kèndel ing pamoelangan; tijang
         sanès boten soeka toemoet malebet. Ngleresi woelan Sijam, riadi kirang sapeken, bapak
         sampoen maringi waos parampogan sakawan, waosipoen poesaka,
         boten kaangge rampog. Bapak badé njepeng satoenggal,
         koela ingkang satoenggal, ingkang kalih katjepengaken kantja
         goeroe bantoenipoen. . Donging bakda, koela, andèrèk ngampil-ampil
         dateng aloen-aloen. Ing wantji djam 8, para prijantoen
         sampoen ngalempak ing paséban manganggé ageng,
         kampoehan akoeloekan. Lenggahipoei sami lesehan ing djogan
         paséban, déné lèmèkipoen
         inggih lampit oetawi baboet alit bektanipoen pijambak,
         ingkang soewaoe kaampil abdi. Pambektanipoen lampit
         pasowanan makaten: kagoeloeng malik (aloesipoen wonten ing
         djawi) kapandi. Para abdi ingkang ngampil-ampil, kados ta:
         ngampil waos, pedang soedoek, lopak-lopak wadah ses oetawi
         gantèn, songsong, sami linggih ing siti sakoebenging
         paséban sawingkinging bandaranipoen. Djam satengah sanga, sadaja prijantoen malebet ing
         kaboepatèn, lampahipoen kapajoengan, kagamelan
         monggang. Wonten ing pandapa nampèni pambagé
         wiloedjeng saking para prijantoen sarta bangsa sabrang
         partikelir, lan tjaos soengkem ingkang boepati. Noenten
         arak-arakaning èntjèk saking doesoen lan
         tontonan moebeng langkoeng ngadjeng pandapi. Prijantoen
         kakoeng poetri sami mriksani, oendoeripoen saking
         kaboepatèn ngarak adjadipoen ingkang Boepati dateng
         masdjid: bapak kalihan bandara djaksa kapatah dados
         gandèk masrahaken adjad wiloedjengan waoe dateng
         pangoeloe. Nalika taksih éndjing jam setengah pitoe,
         prijantoen ingkang kasdoe sami andèrèkaken
         ingkang boepati sembahjang ing masdjid waoe. Saoendoeripoen saking masdjid, para prijantoen teroes
         dateng pasanggrahan satjelaking aloen-aloen sowang-sowang,
         perloe santoen anggèn-anggèn pradjoeritan,
         tjalanan, asikepan, destaran sarta toedoeng pèt,
         nganggar lan mangking doewoeng, ladjeng ngoepados papan ing
         pabarisan, pinajoengan. Panggènanipoen ing kalangan
         poenika manoet pernahing distrikipoen prijantoen waoe;
         waringin koeroeng kakoebeng ing barisipoen tijang kampoeng
         saoebenging aloen-aloen; para tijang bangsa sabrang,
         njonjah-njonjah lan toewan-toewan, sarta prijantoen poetri:
         mriksani ing panggoeng prijantoen Sareng arak-arakan prijantoen medal saking masdjid, koela
         ningali loerah-loerah sampoen patjak baris, sadaja sampoen
         soemerep iring poendi panggénanipoen. Ing wantji
         poenika watawis djam satengah sawelas, bapak toemoenten
         noesoel ing baris kita wonten ing sisih elèr, dipoen
         pajoengi. Waos sadaja sami katantjebaken ing siti. Baris
         makaten tijangipoen ngadeg
         djèdjèr-djèdjèr, elet sasikoet,
         djèdjèraning tijang sap sakawan oetawi
         gangsal, ingkang njepeng waos landéan tjelak kapoerih
         baris ingadjeng; waos-waos sadaja masti sampoen kaliga,
         warangkanipoen kasangkelit. Jèn ebah ketingal pating
         tléram, déning pamor oetawi landepipoen
         nampèl soroting soerja. Pajoenging prijantoen lan
         loerah doesoen ingkang mantja warni selap-sinelap abjor
         asri. Panganggénipoen tijang, ingkang baris
         manéka warni, dasar ing adjeng sampoen ajon
         sadoesoen-doesoenipoen, wonten ingkang katokan abrit sami
         abrit; lorèk-lorèk, tjemeng lan petak. Baris
         Kaoeman petak kados koentoel sewoe. Sawènèh
         tijang ingkang loetjoe mangangge kados badoeting circus
         kapal, kados tètèk mèlèk;
         sampoen ta, sabirainipoen. Jèn wonten tijang ingkang
         ketjelik klintoe panggènan, mangka ngoepadosi
         kantjanipoen ing imbang sanès, manawi medal tengah
         kalangan ladjeng dipoen soeraki tijang saaloen-aloen,
         ngantos klitjoetan sarta ketatelan lampahipoen. Ing wantji djam sawelas, ingkang boepati, bandara, patih
         lan mantri kaboepatèn: malebet ing pabarisan, ingkang
         boepati nitih kapal dawoek ngoebengi barisan, ngoendoeraken
         poendi ingkang mbarendjoel. Tjekakipoen: nata baris, poenika
         dipoen wastani: kiter, ngideri barisan. Sarampoenging kiter,
         ingkang boepati mapan ing barisan sangandaping panggoeng
         prijantoen, oetawi minggah ing panggoeng. Lah poenika tanda
         jèn badé awit rampog. Wah koela kok
         bérag ningali pabarisan makaten. Poenapa senapati
         nata baris perang ing djaman kina poenika inggih makaten
         rekanipoen? Poenapa tijang baris mapagaken mengsah kados
         perang Bratajoeda, poenika inggih boten deg-degan manahipoen
         kados nalika koela toemoet baris rampog waoe?  1876: Rampogan Matjan. Gambar lithografi katja 12 saking
         boekoe
 "The Indian Archipelago", the Hague, 1865-1876, object
         number 3728-430.
 Juru sungging: Louis Henri Wilhelmus Merckes de Stuers
         (18301869) (sumber
         foto)
 Ing saantawisipoen baris waringin koeroeng kalihan baris
         pinggir: wonten petèn kadjeng pandjang sadepa, wijar
         kalih kaki, katata moedjoer dateng ndjawi, ngoengkoeraken
         baris lebet. Petèn waoe delangkoep isi sima, taksih
         kentjeng pantèkipoen, balabag dasar dipoen soekani
         doedoetan pandjang angsal baris ing satjelaking ringin
         koeroeng. Gandèk toekang ngetjoelaken sima sami
         wonten ing barisan nglebet waoe. |