Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

8. KANDANG SIMA

Boten badé jèn sanak-sanak koela para moeda djaman samangké poenika soemerep rampog, sabab awit taoen 1905. Nagari sampoen boten amarengaken. Tjobi, poendi, samangké tijang nganggé temboeng rampog? Wontena: inggih rampog tjara Betawi, alijas kètjoe. Mangké, koela kodjah bab rampog.

Kala alitan koela taksih katah wana ingkang wonten simanipoen. Sima poenika sok ngaroe-biroe radjakaja toewin tijang ing doesoen; mila pangageng, nagari andawoehaken paréntah: njepengi lan medjahi sima, malah mawi kaebang ing gandjaran awarni jatra f 10.- doemoegi f 50.- saben angsal sima satoenggal, mawi-mawi ageng aliting sima. Kala samanten saben riadin bakda Sijam, ing kita-kita wonten pasamoean ageng mawi tontonan warni-warni wonten ing aloen-aloen, boten sepen mamring kados djaman sapoenika makaten. Tijang sanagari toemplek bleg ing kita, ningali para prijantoen ingkang amoeljakaken riadin waoe wonten ing kaboepatèn lan ing masdjid, sami mangagem ageng (basahan). Lah sarèhning riadin poenika, dinten karaméan ageng saestoe sataoen sapisan, anggènipoen medjahi sima, ingkang katjepeng gesang poenika kadawahaken ing dinten waoe, ngiras kadamel tontonan. Taksih ing woelan Roewah lan Sijam, doesoen-doesoen ingkang tjelak ing wana sami masang delangkoep oetawi bekoengkoeng ing wana, inggih ngangkah kalebetana sima, déné ingkang kadamel pakan: ménda oetawi sagawon. Sima ingkang kénging wisaja kabekta dateng kita, kakoeroeng ing krangkéng. Ing satjelaking aloen-aloen mèh mesti wonten pakarangan panggénan krangkèng waoe. Menggah patrapipoen medjahi sirna waoe makaten: aloen-aloen wonten kalangan wijar kiniter tijang ewon sami adedamel waos (toembak), sima wonten ing delangkoep waoe sampoen kapirantosan, wonten tangsoelipoen doedoetan pandjang. Samangsa tangsoel waoe kasendal saking katebihan, delangkoepipoen bedjad, toetoep angebroeki sima inglebetipoen, dados poen sima noenten loemadjeng, jèn njelak tijang: dipoen sosog ing waos. Lah medjahi sima sarana waos déning tijang katah waoe kawastanan rampog, ngrampog sima. Mila kala alitan koela; sok tijanga masti gadah waos, toer dipoen openi sae. Ing perampogan ngrikoe tijang amamèraken kasijat oetawi kamandèning waosipoen. Tijang bangsa sabrang pamer waosipoen oengkal-oengkalan ingkang wijar sarta petak gilar-gilar warninipoen. Déné tijang katah, sami nonton sawingkinging kiteran (baris) wonten ing panggoeng, mènèk kekadjengan, oetawi saakal-akalipoen.

Kala djaman rampog, ing satjelaking aloen-aloenipoen kita ingkang rampog masti wonten pakaranganipoen panggènan kandanging sima. Pakarangan waoe tjijoet kémawon, kakoebeng pager inggih arapet, mawi kori sakéténgan, ingkang kinantjing saben daloe. Kandang sima waoe wonten ingkang andjagi. Inglebet tjepoeren rikoe wonten krangkèngipoen djèdjèr-djèdjèr, wonten ingkang tosan, wonten ingkang roejoeng. Oekoeraning krangkèng: wijar 2 M, inggil 2 M, pandjang oegi 2 M, oetawi 3 M. Krangkèng roejoeng poenika tjalon wadahing sima ageng, oekoeranipoen inggih langkoeng ageng tinimbang krangkèng tosan. Manoet sandjanging tijang, sima ageng poenika koewawi. mengkang roedji tosan ingkang agengipoen sagaran arit; jèn dipoen krangkèng roejoeng; boten poeroen boedi, sabab adjrih manawi ketloesoeben. Krangkèng-krangkèng poenika ingadjeng wonten korinipoen gedjligan, inginggil wonten toetoepipoen tangkeban.

Manawi krangkèng sampoen isi sima, boten wonten pedotipoen tijang ningali, ageng alit, djaler èstri. Kala samanten saben tijan saged soemerep woedjoeding sima. Wangsoel samangké, sareng boten wonten rampog, awis-awis tijang soemerep kéwan galak. Saking pamanggih koela, prajogi saben kita ageng ngingal patamanan mawi kandang sato, tijang ingkang ningali kénging tarikan palawang sasèn oetawi kalih sèn, jatra angsal-angsalaning séwan waoe katoembasaken daging pakaning sima, lan kanggé ambajari tijang ingkang djagi. Kala-kala sima waoe dipoen pakani sagawon oetawi kéwan alit-alit, ingkang katjemploengaken gesang-gesangan ing krangkèng. Wah dados makaten: patrapipoen sima ambekoek sato, poenika. Sagawon dipoen demak kémawon goeloenipoen pepes.

Sawènèh tijang ningali sima poenika ngiras nodi kawijananing doewoeng. Koela soemerep doewoeng wijana. Sima ingkang soewaoe giras nebak-nebak sarta anggeroni tijang lan njenggrang-njenggrang, sareng dipoen tjoengi doewoeng waoe: sanalika andekem moengkoel, njoewara anggroegoeh gereng-gereng, mripat merem-merem, boentoet kaleker. Sawènèh doewoeng jèn dipoen etjoengaken, malah kados anggegalak simanipoen.

Ing daloe maleming rampog, sima-sima ladjeng dipoen lebetaken ing delangkoep; delangkoep kapasang ing ngadjenging kori ingkang kadjoengdjoeng menga, sima kaadjrih-adjrihan obor, dados andelik malebet ing delangkoep.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25. 

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788