Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

10. NGETJOELAKEN LAN NGRAMPOG SIMA

Ing wantji djam kalih welas tèng, gandèk winangsit kadawoehan wiwit ngetjoelaken sima. Ingkang dados gandèk poenika loerah doesoen ingkang sampoen kalok tatag kendel dateng sima, kinantèn kantja satoénggal ingkang kewitjal tatag oegi. Gandèk madjeng saking pabarisan ringin koeroeng njelaki delangkoep. Panganggènipoen: tjlanan, sikepan, akoeloek tjemeng oetawi woengoe, adodot kawoeng, sléndangan sampoer, njengkelit wedoeng. Sadatenge tjelak delangkoep, andodok, njembah dateng leresing ner palenggahanipoen ingkang boepati, ngantos koela katoet nampi sembahipoen ingkang boepati waoe. Gandèk ladjeng nginggahi delangkoep, ambatjoki pantèk deling ingkan dados pikekahing blabag iringing delangkoep, swaranipoen kepireng tak-tok saking pabarisan, anoenten moedoen, andodok njembah, ladjeng moendoer dateng pabarisan. Ingrikoe sampoen wonten kantja ingkang andoedoet dadoeng. Sareng dadoeng kasendal, delangkoepipoen bedjad, blabag nginggil andawahi sima ingkang wonten inglebet.


1870-1892: Delangkoep Matjan. Juru foto: H. Salzwedel (sumber foto)

Simanipoen ketingal, linggih lingak-lingoek ningali elèr-kidoel, bok manawi kémawon saweg ngraosaken ngeloening endas déning kedawahan blabag waoe, oetawi goemoen ningali tijang samanten katahipoen, saged oegi bingoeng mireng swaraning monggang lan soerak mawoerahan saking barisan pinggir lan tengah. Sawènèh tijang mastani jèn sima waoe keblerengen padanging soerja, bawanipoen mentas ketoetoep salebeting wadah peteng. Sima ingkang katah-katah, inggih poenika sima toetoel, sima kombang, ladjeng djoemrantal malajeng, ing semoe badé medal saking kalangan angoepados pandelikan. Sima ingkang ageng, sroeni, gémbong, sadjakipoen ajeman, sasampoening lingak-lingoek ladjeng mlampah lengkèt-lengkèt, minggir oeroet barisan. Tijang-tijang mastani: sima ageng poenika ngertos dateng gandaning waos saé. Jèn nedya énggal pedjah, inggih nenggel waos ingkang mandi, jèn nedya bangga: milih baris ingkang boten kaenggenan waos wijana. Koela sampoen ningali sima loetjoe, anggènipoen lingak-lingoek kémawon langkoeng saking gangsal menit, mlampah sakedap, ladjeng andjogrog malih, angop, goeloeng ing roempoet ladjeng ngalèlèh, dédé. Koela tamataken saking pinggir ketawis manawi brengosipoen telas, djalaran kebrongot ing latoe obor nalika kawedalaken saking krangkeng, margi boten poeroen malebet ing delangkoep.

Jèn sima sampoen medal saking delangkoep, tetijang ladjeng soerak, ing pangangkah poen sima noentena loemadjeng nradjang baris. Sima ingkang ngajem-ajem, dipoen oerak-oerak sarana sesawat mertjon ageng, terkadang dipoen poeroegi tijang sawatawis asikep waos lan sandjata. Ingrikoe sima ladjeng minggir. Koela sampoen naté ningali rampog ing Blitar, simanipoen gémbong-gémbong, galak ringas, toer ageng-ageng wedalan wana Lodaja. Kawartos ingkang boepati ingrikoe kagoengan wasijat panemboeng (tjemeti) ingkang neloekaken sima. Manawi tjemeti waoe dipoen asta ingkang boepati pijambak kamainaken, sima ingkang wonten tengah kalangan ladjeng loendjak-loendjak, njoat-njaoet kados tjemèng ingkang dipoen sesiwo mawi elar. Sima waoe kèdep sanget dateng tjemeti, ngantos poeroen andjoged kados barongan Panaragan, kiprah-kiprah gending gangga-mina oetawi ketèk oglèng. Tjarijosipoen tijang malih, sima ingkang ageng oetawi sepoeh, sok wonten ingkang mrimpeni: boten poeroen karampog, jèn dipoen rampog badé ngobrak-abrik tijang sanagari. Sima ingkang makaten, ladjeng dipoen pedjahi sarana kablebegaken ing lepen, oetawi kakintoenaken dateng Sala. Sawènèh sima ageng sirik pedjah kanti rodjah-radjèh awakipoen, mila sareng kaetjoelaken ladjeng ngideri baris, ngoepadosi waos ingkang sae. Koela sampoen manoni sima gembong ingkang ladjeng andjogrog sangadjenging waos mandi, mangap wijar, soekoenipoen ngadjeng atawé-tawé. Hla dipoen toembak telakipoen, andawah teroes pedjah. Loking tijang katah, sima ingkang makaten waoe pantjèn neda dipoen roewat.

Poenapa inggih sima saged milih dedamel awon lan saé, oetawi milih pedjah wetah (sakétja) oetawi soroh amoek? Sakétja-sakétja poenapa, tijang dipoen sosog waos!? Jèn saged milih saestoe, poenapaa boten ngoental napas wonten inglebet delangkoep. Saking kinten koela, sadaja waoe namoeng pangatik-atikipoen tijang, mangsa wontena tijang soemerep dateng karenteging manahipoen sima: boten! Dados sima mladjeng moebeng-moebeng, oetawi andjrantal nerak pager waos waoe, sadaja koela anggep amoeng ngoepados margi badé ngoengsèkaken gesang, tanpa éngetan badé sakit étjaning pedjah.

Poeroen boten poeroena, sima poenika dipoen peksa njelak oetawi nradjang baris. Manawi sima ketingal tjolat-tjolat angener pabarisan, tijang-tijang sami deg-degan manahipoen, ladjeng mapan, badan ragi miring, soekoe kiwa ingadjeng semoe nekoek (andjangkah), soekoe tengen kentjeng mawingking, sadjak anoewak badan, tangan kiwa ingadjeng njepeng landéjan, tangan tengen nekem boentar (bongkot) sarta njolahaken ebahing waos. Lahiripoen witjanten: "Ajo, mrénéa, tjan!" Nanging ing batos: "Woed, blai! engko nèk mréné pije?" Koela ningali tijang sakiwa-tengen koela wonten ingkang angawé-awé ngoewoeh sima, solahipoen kados badé andjedjoewinga ... batanging sima. Sareng sima, keleresan madjeng dateng barisipoen, poetjoeking waosipoen ketawis keder, koela mireng swara tretek-tretek, lan èplèg-èplèg. Koela nolih ngiwa nengen, ngoepadosi sangkaning swara waoe, sareng koela tilingaken, djeboel oewangipoen tangga koela moengel tek-tek. Tijang sakiwa koela bokongipoen moengel pleg-pleg, déné tijang satengen koela bokongipoen ngoplok. Sarèhning èplèg lan oplok waoe gentosan, dangoe-dangoe koela laras kados keplokipoen tijang tajoeban, mewahi gregeting monggang ingkang kepireng ing koeping koela. Jèn nitik kawontenan ingkang makaten, inggih mèmper, manawi tijang ingkang ngoewoeh-oewoeh minta tanding koemroewoek poenika dèrèng kinanten, jèn boten atinggal galanggang atjolong plajoe.


Rampogan matjan ing Kediri (1890-1925)

Sima ingkang langkoeng sangadjenging baris ladjeng kasosog ing waos, tamtoe kémawon manawi noenten madep nedya loemawan nampel sarta njarap, ananging malah katampen ing lelandep ngrangah kados sapoe megar. Jèn katjotjog ing endasipoen, terkadang ladjeng ambalik naradjang baris ing sanès iring. Dangoe-dangoe sima waoe ngraos sakit, bingoeng poenapa gregeten, poenapa nekad, ladjeng poeroen naradjang nenggel baris, ingkang mesti inggih ngangkah medal saking paraméan, nanging mrika-mriki sinosog ing waos, jèn rebah malah dipoen krotjok, andadosaken pedjahipoen. Lah ingrikoe para wani angas kados ingkang koela gambar ingadjeng waoe sami mikantoekaken waosipoen, ngangkah wontena rah oetawi daging sima ingkang katoet ing wilah, tjalon kanggé banda oembag wani noembak sima. Rampog ingkang krojokan makaten poenika koela wastani resah tatanipoen. Ingkang tata saestoe, makaten: boten kénging noembak, jèn boten sima dateng ngadjenging waosipoen, moerih sima boten énggal pedjah, dangoea moebang-moebeng dados tingalan, sarta katah tijang ingkang ngraosaken noembak sima. Sima ingkang winatawis pedjah ladjeng kagèrèd medal saking pabarisan déning anteking gandèk.


1900-1927: Ngrampog matjan (sumber foto).

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25. 

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788