Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

16. MERTJONAN

Sampoen maratah ing poendi-poendi, saben bakda masti kinanténan kasenengan mertjonan. Koela boten saged andoegi poenapa perloenipoen. Poenapa ngitjalaken proengon kagétan? Oetawi ngresikaken hawa? poenika koela paiben. Boten jèn hawa badé resik déning koekoesing areng lan lirang. Mertjonan poenika tjeta jèn dolanan ambesmi jatra, sami kémawon kalihan rokokan. Lan poenapa nalaripoen, déné Tjina sadé mertjon poenika namoeng ing woelan Sijam kémawon. Koela poenika tijang getapan, kagétan, bok manawi: kala mentas lahir boten dipoen gebjag. Awit alit mila koela boten wani mertjonan, jèn soemerep mertjon kasoemed ladjeng pletik-pletik! …, manah koela geter, adjrih bilih moengel mak-tér, gék maletiki mripat. Koela goemoen ningali laré alit-alit wani nglanting mertjon lombok abang oetawi long alit. Mangka boten kirang ingkang tanganipoen kebledosan mertjon ngantos gosong. Kendel-kendel koela: damel broeboesan. Hla, jèn ningali kembang api, koela remen.

Laré djaman sapoenika inggih ngertos, jèn mertjonan poenika ambesmi jatra, pramila ngoepados kamajaran, mertjonan boemboeng kémawon, poenika boten ngegét-egéti. Jèn laré barakan koela roemijin, karem mrijeman, nanging dolanan waoe oegi katah ingkang mbentjanani, djalaran mrijemanipoen namoeng gembréng pinatri kémawon, dados asring sami andjebrot. Dalasan tijang sepoeh (ageng) inggih seneng mrijeman, mrijemanipoen tosan. Wontenipoen katjilakan saking mrijeman tosan waoe déning kekatahen isi, mangka pandamelipoen boemboengan tanpa kawroeh etangan kekijataning patrén, ingkang njembadani pandedelipoen obat ngoekoes toer panas. Tijang Panaraga, Pati saoeroetipoen ngrika, njamboet damel rekaos, sadé kadjeng obong, sadé roempoet, sataoen poenika njéléngi, perloe badé kadamel toembas mertjon. Inggih ngantos dasanan roepijah. Malah wonten ingkang sadé maésa lemboe poenapa: anggèning badé mertjonan. Jèn bakda, ingkang dados goedjengan poenika: tijang Panaraga, bangsa warokan (bentjoengan) jèn ngoepados panggénan nonton soepados angsal ngadjeng, ladjeng kaloeng mertjon tamboeran pinten-pinten rénténg, poenika kasoemed, inggih moengel goemroedoeg, mertjonipoen sami maletik, déné tijang Kediri, Toeloengagoeng saoeroetipoen: soetik ketjipratan latoening mertjon dados sami miré, ing wasana sadèrèk warok waoe kedatengan sedyanipoen.

Djaman roemijin ing saben kita taksih wonten pradjoerit, jèn bakda koermat oengeling mrijem oetawi drèl wonten ing kaboepatén, tengaraning wiwit arak-arakan oetawi rampog terkadang inggih mawi mrijem. Samangké wonten poendi mrijem-mrijem njoenjoekan poenika?

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25. 

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788