Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

15. DJOGÈD

Tetingalan ingkang katah-katah poenika, méh sadaja kasenenganipoen tijang djaler. Menggah tontonan ingkang narik dateng tijang èstri, poenika wajang lan djogéd, tjara Kedirinipoen tlèdèk, poenapa klèdèk, tandak, ronggéng. Dados tetéla sanget, jèn èstri bangsa koela poenika remen dateng krawitan lan lénggotbawa. Poenapa boten prajogi oepami kantja èstri kaoedja noeroeti kodratipoen sengsem dateng kasagedan aloes poenika? Boten kok kaetjoelaken sami dados lèdèk ingkang atindak saroe lan ngiwa, nanging kasoekanan ombèr sageda gadah pangénggar-énggar manah ngiras anggegesang kalantipaning pawèstri, sebab krawitan beksa poenika narik pamarsoedining kasoesastran, kaprigelan, sarta empaning pamireng, paningal sarta raos dateng leloengidan. Sinten soemerep, bok manawi ladjeng toekoel poedjangga èstri ingkang nganggit serat saé-saé, awit tijang èstri poenika awas, lantip, tjandakan, welasan, jèn nganggit tjarijos panggoela wentahing laré, opèn-opèn tamtoe gemet nengsemaken.

Mangsoeli bab tetingalan djogédan. Manawi koela sawang-sawang, djogéd oetawi beksaning prijantoen sepoeh-sepoeh poenika langkoeng aloes katimbang ingkang eném, bok manawi kabekta déning ingkang eném waoe boten merlokaken sinaoe djogéd. Prijantoen sepoeh-sepoeh, saja ingkang wedalan Sala Ngajogja, jèn angibing kénging katemboengaken anggandjret, boten kedaplangan oetawi loendjak-loendjak, malah poendakipoen kémawon kados boten ébah; éwa déné saébah ingseding sarandoenipoen badan, sadaja dawah ing wirama toer inggih nglanangi sadjakipoen. Koela toemon tijang baoed beksa, tingalipoen namoeng klekad-kleked kendat-kendoet kémawon, sareng koela waspaosaken sajektos, ndadak oekiraning doewoengipoen ingggih toemoet mingar-minger patjak goeloe barang!! Warangka kok saged lenggat-lenggoet menga-mengo, poenika poenapa kasendoel-sendoel otot ingkang kakedjot-kedjotaken, poenapa pantjèn doewoengipoen isi wesi djogéd? Koela boten saged andoegi. Wonten malih djogéd tjara wétanan, poenika, mawi ngentiraken dalamakan ngantos dangoe sanget, teka boten likaten soekoenipoen; godeg lan patjak goeloenipoen njeklék-njeklék sendal pantjing, koela ngantos emar bilih ketjetit, malah koewatos jèn mantjelat sirahipoen oetawi apes mondolanipoen; toedjoenipoen kala samanten tijang taksih djlamprah saèstoe sarta oedeng-oedenganipoen singset matetet mawi tangsoel mondol. Tjobi oedeng gagrag ketoe tjara samangké poenika kadamel tajoeb makaten waoe: saben gongan, masti ing djawi wonten blangkon dawah. Beksan tjara pentjak oetawi sélat, manawi namoeng tiron-tiron kémawon, tingalipoen kasar sigoeg, énggal amboseni.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25. 

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788