Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

1. KASENENGAN TJARA KINA

Koela welas ningali laré-laré ing djaman samangké poenika, déné boten kober ngraosaken bingah, sakétja lan béraging laré kados koela roemijin. Anggènipoen saged katog ngraosaken oembar lan ombèr kémawon kados poendi, tijang saweg mingip-mingip kaéngetanipoen kémawon sampoen kaperdi ngapilaken: a, b, c, oetawi: h, n, tj, saladjengipoen. Ngantjik oemoer 5 taoen sampoen kinaloengan sabak, ngamoedi potlod, éndjing mbengkoek ing bangkoe, sonten sinaoe. Koela mastani anak poetoe kita poenika sami kebrangas ing piwoelang, kedadak dateng éngetan sepoeh sarta manah betah.

Tjobi ta, para anèm poenika rak sami boten gadah kaéngetan dateng kasenenganing laré. Béndjing jèn sepoeh, sagedipoen ndongengi anak poetoe inggih namoeng prakawis "aubade" dateng daleming pangageng, nembang soeba-kastawa (ingkang boten angsal wiramaning gending); ningali peken darma oetawi gambar sorot. Satindak saoengel mesti sarana toentoenan, toelada, patokan. Gek anggènipoen sinaoe gadah éngetan pijambak béndjing poenapa?

Koela poenika bares kémawon; koela ingkang sepoeh-sepoeh poenika rak lam-lamen dateng djaman alitan koela, jèn panoedjoe tengoek-tengoek oetawi loemah-loemah: nggagas polah koela kala taksih laré; petakilan ingkang néka-néka, dolanan oeroet pager, poenapa malih ingkang petakilan penékan, blasakan ing sabin, tegil sarta gegroemboelan oetawi bjoer-bjoeran ing sendang, gètèkan toewin langèn ing lèpèn … sadaja waoe andjalari mesem pijambakan. Saiba senenging manah, oepami koela saged dados laré kados nalika alitan koela malih (sampoen dados laré djaman sapoenika).

Laré malih botena kapéngin gesang tjara kina, tijang koela poenika sampoen sepoeh makaten, inggih ngadjeng-adjeng wontenipoen djaman kados kala alitan koela. Pangraos koela kala djaman taoen sewoe woloeng atoes sèketan doemoeginipoen taoen sèwoe sangang atoesan, poenika tijang ageng alit kok namoeng ngraosaken seneng kémawon. Mangka tjrijos-tjrijosipoen boten kirang-kirang poendoetaning Nagari oetawi pangageng dateng kantja alit, kados ta: pakarjan heerendienst, roenda tètèk, djagi gerdoe, sewa-soegata dateng loerah lan para bendara, ... ewa déné sadaja waoe boten karaosaken dateng kantja alit. Sabab poenapa? Boten lija namoeng déning asring kaadjak seneng-seneng, ramén-ramén, dipoen soekani tontonan, kaadjak neda étja. Tijang gesang neda poenapa malih, jèn boten neda étja lan seneng-seneng kalihan sesamining tijang? Déné pandamelan inggih dipoen lampahi; awrata sapinten awratipoen: mangsa botena wonten watesipoen, djer raga poenika gadah raos sajah; namoeng oetek sampoen dipoen momoti katah-katah!

Tjobi ta, poen anak kaoem nènèman poenika nanggapa tijang sepoeh-sepoeh kapoerih ndongeng oetawi kodjah, mangké rak kapéngin ngalami gesang kados tijang kina. Koela poenika sampoen kelebet tijang satengah kina, nanging boten meningi sakatahing lelampahan seneng tjara kina, dasar koela makaten tijang oetoen, mila boten saged kodjah ingkang aneh-aneh ewa samanten koela poenika sampoen kasoewoeraken tijang kina blater toekang oemoek!

Mangga sampéjan koela omongi, bok manawi ndorakaken. Kala alitan koela, ingkang wonten pamoelangan poenika namoeng ing kita, moeridipoen sampoen djaka-djaka, landjon saking doesoen tebih-tebih. Djaman samanten goeroe poenika dados pangengeranipoen laré-laré sekolah, mila inggih renes, asring tampi angsal-angsal djoewadah, emping, madoe, benda, kloewak, kemiri. Laré ingkang boten sekolah sami mantjing, angèn, iprik-iprik dateng wana pados kadjeng, réntjang-réntjang tijang sepoehipoen ing tegil-sabin, tengga tanem, mraoe, njikar. Dados sadaja polahing laré poenika saking soemerep patraping tijang sepoeh, ladjeng tiroe-tiroe, ginaon poenapa ingkang badé dados panggaotanipoen in tembé. Lah samangké rak boten; laré namoeng sinaoe ngadep boekoe, saba ing Patjinan, wonten ing pamoelangan kepeksa manoet-mitoeroet dateng toeladaning goeroe, wonten ing grija boten kairi ing padamelan, doepeh kesel badan lan oetek-ipoen saking pamoelangan. Laré kina dolanan gobag, djombritan, djeloengan, lajangan, praon, langen, geloetan, gangsingan, nini towong, sadaya waoe kanti pladjengan ngébahaken badan; oetawi malih oeran-oeran. Djaler-èstri ngantos sami ageng, roekoen-kempal kados sadèrèk, teroes doemoegining sepoeh. Tjobi laré sapoenika. kapoerih kempal djaler-èstri, rak pidjer dados prakawis kémawon!! Tijang kina sadaja saged noempak kapal, nglangi, anam-anam, … Tijang sapoenika awis-awis ingkang saged.

Boten namoeng laré kémawon, tijang sepoeh inggih gadah dolanan kasenengan warni-warni: binten, tiban; ngantosa pating glaler njermoemoeh ngemoe erah gegeripoen inggih seneng kémawon, malah ketagihan. Sanadjan saweg neda, manawi mireng kentènganing tiban inggih tilar kokoh, loemadjeng ngloeroeg. Malihipoen: aben sawoeng, djangkrik, andapan kalihan menda; gropjok mbeboedjeng ing wana, tjongklang, tegar, sodor, sander, lan rampog, poenika malah ageng-agengan, dalasan para agoeng toemoet. Makaten waoe angger tijang saged ngraosaken, déning tanpa wragad. Wangsoel samangké tijang katah namoeng nonton tandangipoen tijang sawatawis, kados ta: bal-balan, balapan kapal; poenika sanès dolananing angger tijang.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25.

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788