Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

5. ARAK-ARAKAN

Manawi tengara (oengeling mrijem oetawi drèl) sampoen moengel, sakatahing tetaboehan ingkang sawaoe namoeng slenang-slening ladjeng kataboeh sora, sanalika oemjoeng swara ing aloen-aloen, kendang ngaplak, kempoel ngoengkoeng, slompret nretet, tontongan pating kleproek. Makaten poenika swaraning arak-arakan saweg loemampah, saking podjok aloen-aloen badé langkoeng palataran kaboepaten, moebeng dateng podjok sanèsipoen, ladjeng mantoek ing pamondokan. Tijang saaloen-aloen ingkang boten nenggani sesadéan sami loemadjeng dateng margi ingkang badé kelangkoengan arak-arakan, ingkang katah malah dateng palataran pandapi, sipat tijang sasatipoen rebat doetjoeng esoek-esoekan rebat ngadjeng; djaler èstri, sepoeh anèm, laré djedjel pipit tanpa ngèngeti pepatjak. Ingkang pinoedjoe neda djadjan ratengan: taksih pongah-pongah kesesa panedanipoen ladjeng ambajari, perloe toemoet maladjeng nonton, tilar wédang tilar adjang. Anak lan adi alit kaènèng-ènèng, baji ing gendongan megap-megap kepipit tijang sarta, kesoemoeken, nangis boten pinaèloe. Koela tijang andap alit, boten angsal papan ingadjeng, dados tjalon boten toemonton poenapa-poenapa. Toedjoenipoen gadah èngetan: sanalika anjandak poendaking tijang kalih sarwi moemboel ngantos ngoengkoeli ing sirahing katah. Akal makaten waoe mikantoeki sanget. Saking sesaking tijang, koela kepipit kados tjoetik toemantjeb ing bentélan merang, montjol ingapapak séla ingasesak, boten saged andjog, malah katoet ing lampahipoen grombolan tijang ingkang djedjel oejel waoe, awit saking aloen-aloen moebeng ngadjeng pandapi, doemoegi ing aloen-aloen malih: koela boten ngambah siti. Sareng tijang sampoen sela, ingrikoe koela saweg makdjloeg, napak siti malih.

Saking panginten koela, embèn wingking boten wonten arak-arakan kados riadi makaten. Woedjoeding arak-arakan, inggih poenika: djaranan, barongan, égrang, anton noempak kapal, wèwèn, gendroewon ageng inggil, (krandjang kapikoel tijang inglebet), praon-praonan, djoli; wajang tijang ing ambèn kapikoel, kadjeng oetawi anaman kapeta sato wana, entjek lan goenoengan. Entjek poenika wangoenan grija, ingkang kadamel deling, karengga kertas warni-warni, inglebet isi panganan sangoenipoen ingkang ambékta, oetawi isi sato alit-alit, pajoning omah-omahan waoe kasirap asiling tetaneman: lombok, térong, empon-empon. Salebaring damel: èntjèk waoe kaboetjal; oetawi jèn jasan: kabekta mantoek tjalon kanggé ing dinten wingking. Sadaja-sadaja waoe … dipoen waragadi loerah oetawi doesoen.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25.

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  
Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788